SERAT KOREK ILANG " Laku Transendental Meditation Square (TM Square) kanggo Kamulyaning Tanah Jawa

 

Jepara, suaragardanasional.comPadhang saka Barang Cilik || Ana wektu nalika barang cilik dadi pangeling marang sing agung.  api — cilik, murah, gampang ilang —nanging nyimpen api, daya urip saka sangkaning cahya.


Saben korek sing ilang iku sejatine kabar saka Gusti, ngandhani manungsa: “Ojo nganti padam cahyaning ati, senadyan geni saka tanganmu wis sirna.”


Saka kéné lahir piwulang TM Square Jawa, papat arah kawruh sing nuju marang pancer kasunyatan.


Timur: Eling lan Wening


Nalika srengéngé munggah, kawruh eling uga munggah. Wong sing jujur ora gampang nggrundel nalika ilang barangé,merga dheweke ngerti — sing penting dudu koreké, nanging rasa elingé.


Eling marang Gusti, eling marang asal lan tujuan urip, eling yen geni sing murub ing korek iku mung bayangan cilik saka pepadhang agung. “Wong kang eling ora bakal ilang, senajan koreké sirna, atiné tetep murub.” Ing TM Square, arah Timur ngandhut piwulang iki:

Sapa jujur bakal nemu bener.

Kejujuran iku cahya pertama kanggo manunggalé ati lan pikiran.


Barat: Bener lan Tepa Slira


Ing arah barat, nalika srengéngé surup, kawruh sosial diuji. Korek sing ilang iku kadhang ora dicuri, mung dilalekaké.


Nanging, sing luwih penting tinimbang koreké yaiku rasa bener marang sesami. Sapa sing tepa slira, ora bakal njupuk tanpa pamit. Sapa sing andhap asor, bakal ngerti nilai barang liyan, sanajan mung sepuluh ewu. “Wong bener ora ngukur rega saka gedhene barang, nanging saka tulusé pangrasa lan tanggung jawabé.”


Iki tataran kesadaran sosial —nguwuh marang ati supaya ora mung ngerti aturan, nanging ngerti rasa.


Lor: Temen lan Pasrah


Ing pucuk lor, gunung lan semedi dadi pralambang pasrah. Korek sing ilang ora dadi duka, nanging dadi piwulang. Wong sing temen ngerti, kabeh sing ilang bakal bali nalika ati wis resik. Pasrah dudu menyerah, nanging ngembalèkaké daya marang Gusti.


Sapa sing temen, bakal kasinungan padhangé Gusti —ora saka korek, nanging saka geni batin sing ora bisa padam.“Korek iku mung wadhah,nanging geni iku daya saka sing tanpa wujud.”


Iki tahap kesadaran spiritual,ngerti yen Gusti tansah ana ing saben kedadeyan, malah ing “korek ilang” pisanan


Kidul: Laku Kasunyatan


Ing arah kidul, samodra nyimpen kawruh tumindak.

Sapa sing wis eling, bener, lan temen, kudu nglakoni kasunyatan. Wujudna piwulangmu dadi tumindak nyata: ngajeni barang cilik, ngelingaké wong sing lali,

nglakoni kabecikan tanpa pamrih.

Wong sing wis padhang ora bakal mung semedi,nanging dadi obor kanggo liyan.

“Laku sejati dudu mung ngucap, nanging nindakake.”

“Geni mimongko srsuluh ora padhang yen ora murub, kabecikan ora ana gunané yen mung disimpen.”Iki tataran kasunyatan laku, pangeling yen kamulyaning Tanah Jawa ora mung saka tembung luhur, nanging saka tumindak becik sing saben dina.


Pancer: Manunggaling Kawula Gusti


Ing tengah TM Square, ana pancer rasa, titik sing ora katon nanging ngrangkep kabeh arah.

Ing kéné, wong ngerti yen korek sing ilang ora penting maneh,amarga geni sejati wis murub saka jero ati. Saben korek sing pindah tangan,

iku pepadhang sing nyebar menyang liyan. Saben barang sing sirna kanthi ikhlas, bakal bali dadi berkah sing luwih agung.

“Saka geni cilik lahir padhang jagad.

Saka ikhlas cilik lahir kamulyan gedhe.” Ing pancer iki, kabeh arah TM Square nyawiji:

jujur, bener, temen, lan laku.

Iki dudu mung kawruh, nanging dalan tumuju kamulyaning Tanah Jawa.


Pamungkas: Kamulyaning Tanah Jawa


Kamulyaning Tanah Jawa ora teka saka sembahyang akbar utawa upacara megah,nanging saka wong cilik sing ngerti roso  sing ora ngremehake korek, ora ngremehake janji, ora ngremehake rasa tresna. Nalika saben wong bisa eling marang koreké sing ilang,bener marang tindakane, temen marang Gustiné,lan nindakake kabecikan tanpa pamrih —tanah iki bakal murub kanthi cahya suci.*“Tanah Jawa bakal mulya, yen ati wong Jawa padha padhang.”(Hani)

Tags

#buttons=(Accept !) #days=(20)

Our website uses cookies to enhance your experience. Learn More
Accept !
To Top